Sabtu, 22 Agustus 2009

layang Djoyoboyo (1)

Wedjangan kanggo mangerteni marang kuwasaning Gusti.
Nyiptakake ukuming agomo Kedjawen
kang ono wolong perkoro,
kanggoning bongoso Djowo.
----------------------------------
1.
Kedjawen: among Gusti engkang moho kuwoso, nyiptakake kahuripan sarto ukume kahuripan kanggone bongoso Djowo. Kang uwes katulis deneng: Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo. Wekasaning Gusti: Tresnoho marang kahuripan siro, bandjor tresnoho marang sak podho - podhoning urep.



2.
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Engkang kuwoso nyiptakake Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo kang diutos Gusti, ndjogo kahuripaning bongoso Djowo. Wekasaning Gusti: Ngelingono marang asal usol siro, odjo tumindak olo marang kahuripan siro. Semono ugo marang djalmo manungso.
3.
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Engkang kuwoso ngutos Hosoropolo. Kanggo maringi pangelingan marang bongoso Djowo, supoyo biso mangerteni marang udjuting roso. Wekasaning Gusti: tumindakho kang djudjor marang roso siro. Awet roso kuwi tjahyoning Gusti kang moho sutji. Kang manggon ono ing rogo siro, odjo diregetake.
4.
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Kang kuwoso nyiptakake sedulor papat. Supoyo bongoso Djowo biso mangerteni marang kuwasane, kang diparengake Gusti naliko iseh ing bumi sutji. Wekasaning Gusti: tumindakho kang betjek marang sedulor papat, kang asmone Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo.
5.
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Supoyo bongoso Djowo biso nyirnakake sengkalane kahuripan, kang katon ugo kang ora katon, kang tekane soko setan. Ugo marang kasengsarane sukmo yen uwes bali marang kuwasaning Gusti. Wekasaning Gusti: tumindakho kang nastiti, marang. Sengkalane kahuripan. Supoyo yen siro bali ono ing ngarsaning Gusti, sukmo siro biso sempurno.
2
6.
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Engkang kuwoso pareng dungo lan bohoso ngawi gaib, marang Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, supoyo bongoso Djowo, biso mangerteni marang kuwasane sedulor papat, lan biso tjedak marang Gusti. Wekasaning Gusti: tumindakho kang sabar yen kahuripan siro ing bebayan. Gunakake kadegdayan siro, bebayan opo wahe bakal sirno soko kahuripan siro.
7.
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Engkang kuwoso pareng pangaksumo marang bongoso Djowo. Supoyo yen bongoso Djowo nduweni kesalahan, biso ngakoni, kesalahane marang kahuripane, lan nenuwon marang Gusti. Wekasaning Gusti: Tumindakho kang betjek, odjo nuruti angkoro murko, kang tekane soko setan. Awet kasengsaran kang teko kanggo kahuripaning siro. Kang bakal nyonggo, anak lan putu siro.
8.
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Engkang kuwoso nyempurnakake sak isine rogo kang ono ing kahuripaning bongoso Djowo, bali sempurno marang kahananing Gusti, kang moho kuwoso. Wekasaning Gusti: Tumindakho kang sempurno marang udjuting kahuripan. Budi, roso, pikiran, lan angen - angen. Awet Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, kang bakal. mbarengi lan nyaksekake marang pisahe sukmo, lan rogo siro.
Wedjangan kanggo mangerteni marang kuwasaning Gusti.
Nyiptakake kahuripan kang ono ing djagat iki.
-------------------------------------------------------
1.
Sak durunge langet lan bumi ono kang manggoni. Gusti kang luweh disek nyiptakake isine langet kang disebut: Mbulan, lintang, lan srengenge, kang dadi panunggune langet.
2.
Bandjor Gusti nyiptakake kahuripan kang disebut: Tetanduran, kang dadi panunggune, bumi mulyo.
3
3.
Wedjangan kanggo mangerteni marang kuwasaning Gusti.
Nyiptakake kahuripan marang sedulor papat
-----------------------------------------------------
Sak uwise Gusti nyiptakake kahuripan kang dadi panunggune bumi mulyo, kang disebut tetanduran. Bandjor Gusti nyiptakake kahuripan kang tekane soko angin, kang disebut molekat, kang dadi utusaning Gusti. Ndjogo kahuripan kang ono ing djagat iki. Semono ugo asmoning molekat kang tjatjahe ono papat.
1. Nduweni asmo: Djoborolo.
2. Nduweni asmo: Mokoholo.
3. Nduweni asmo: Hosoropolo.
4. Nduweni asmo: Hodjorolo.
4.
Wedjangan kanggo mangerteni marang kuwasaning Gusti.
Nyiptakake bumi sentoso.
------------------------------
Sak uwise Gusti nyiptakake kahuripan, kanggone molekat kang tjatjahe ono papat. Bandjor Gusti nyiptakake bumi sentoso, ugo kang biso disebut suwargo. Kanggone kahuripaning molekat. Ugo kanggo kahuripaning Midodari kang dadi utusaning molekat, kang manggon ono ing bumi sentosane Gusti. Ugo kanggo kahuripane djalmo mengkone, yen sabdhoning Gusti kuwi uwes temurun kanggoning djalmo manungso. Kang bakal disampekake; Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo.
5.
Wedjangan kanggo mangerteni marang kuwasaning Gusti.
Nyiptakake setan kang disebut somoro
bumi ugo anak lan putune.
------------------------------
Sak uwise Gusti nyiptakake bumi sentoso kang dadi panggonane Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo ugo poro Midodari. Bandjur Gusti nyiptakake kahuripan kang asale soko geni yo kuwi rojone setan kang disebut; Somoro Bumi. Lan iki ugo biso disebut kahuripane djalmo setan kang wiwitan. Kang teko ndjogo kahuripan ono ing bumi mulyo kene, soko perintahing Gusti.
4
6.
Wedjangan kanggo mangerteni marang kuwasaning
Somoro Bumi. Nyiptakake bumi sentoso,
ugo kang biso disebut neroko.
-----------------------------------
Sak uwise Gusti nyiptakake setan kang asmone Somoro Bumi. Kang nduweni kuwoso sak uwise Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo. Bandjur Somoro Bumi ngetokake kuwasane nyiptakake bumi sentoso kanggo kahuripane djalmo, kang melu marang dalane Somoro Bumi ono ing bumi mulyo kene. Bandjor Gusti, nyiptakake djolomo kewan.
7.
Wedjangan kanggo mangerteni ma rang kuwasaning Gusti.
Nyiptakake djolomo monongoso djowo, kang
wiwitan teko ngidak bumi mulyo kene.
-----------------------------------------------
Sak uwise Gusti, nyiptakake langet lan bumi sarto isine. Bandjor teko sabdhoning Gusti kang keri dewe. Nyiptakake kahuripan kanggone djolomo monongoso djowo.
1. Budine kahuripan kang nunggu, Djoborolo.
2. Rosone kahuripan kang nunggu, Mokoholo.
3. Pikirane kahuripan kang nunggu, Hosoropolo.
4. Sukmane kahuripan kang nunggu, Hodjorolo.
Bandjor metu sabdhoning Gusti, kanggoning Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, kanggo nulis sabdhoning Gusti, ono ing layang Djojobojo.
8.
Wedjangan kanggo mangerteni marang kuwasaning Gusti.
Nyiptakake kahuripan lan sak isine kang ono ing djagat iki.
-----------------------------------------------------------------------
1. Langet lan bumi.
2. Mbulan lintang srengenge.
3. Tetanduran.
4. Suwargo.
5. Molekat. Djoborolo,
6. Mokoholo,
7. Hosoropolo,
8. Hodjorolo.
9. Setan Somoro Bumi.
10. Somoro Bumi nyiptakake neroko.
11. Djolomo Kewan.
12. Djolomo monongoso djowo.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

surakarta