Senin, 24 Agustus 2009

layang djoyoboyo (6)

( 1 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti,
nyiptakake djalmo manungso. Ugo marang asal - usule
sedulor papat, kang momong djalmo manungso.
---------------------------------------------------------
Sak durunge bumi sutji kuwi ono kang manggoni, Gusti uwes luweh disek, nggawe ukom kanggone djalmo manungso. Bandjor Gusti, ngetokake kuwasane nggawe sukmo, lan udjute rogo, kang dititesake Gusti, ing bumi sutji, naliko wong wadon kuwi mbobot iseh anyar - anyaran.


Bandjor naliko djabang bayi kuwi umure arep ngantjek sesasi: Gusti ngetokake kuwasane nggawe udjute rupo, marang djabang bayi kuwi, kang artine bongoso. 2. Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor rong sasi: Gusti ngetokake kuwasane nggawe udjute: Werno.] 3. Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor telong sasi: Gusti ngetokake kuwasane nggawe udjute: Kulet.] 4. Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor patang sasi: Gusti ngetokake kuwasane nggawe udjute: Uthek.] 5. Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor limang sasi: Gusti ngetokake kuwasane nggawe udjute: Otot. ] 6. Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor enem sasi: Gusti ngetokake kuwasane nggawe udjute: Balong.] 7. Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor pitong sasi: Gusti ngetokake kuwasane nggawe udjute: Rambot, geteh, lan dageng. Lan iki kang disebot sempurnane Gusti, nyiptakake djalmo manungso, deneng udjute djabang bayi kuwi uwes sempurno. Amergo kuwi, kanggone djalmo manungso kang uwes luweh disek teko ing bumi mulyo iki, kang Gusti suwon: Mator nuwono, marang Gusti kang moho kuwoso, deneng udjute djabang bayi, kang ditjiptakake Gusti ing bumi sutji kuwi, uwes sempurno. Lan sirnakake bebayan kanggone djabang bayi kuwi, supoyo yen
21
djabang bayi kuwi utjol soko bumi sutji, ora nandang kasengsaran, amergo sengkalane setan. Bandjor dusono bopo lan biyunge djabang bayi kuwi, karo dungo keslametan: 8. Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor wolong sasi: Gusti ngetokake kuwasane, nggawe asal - usule sedulor papat ugo artine sedulor papat:
1. Geteh puteh. artine: [ welas asih ]
2. Bungkos. artine: [ kang nggawe kekuatan ]
3. Ari - ari. artine: [ kang ndjogo sukmo ]
4. Geteh abang. artine: [kang nglawan bebayan]
Bandjor sak teruse, Gusti ngetokake kuwasane nggawe, djenenge sedulor papat kang sedjati. Kang manggon ono ing ragane djabang bayi, kang udjute koyo mengkene:
1. Djoborolo. manggon ono ing [ kulite djabang bayi ]
2. Mokoholo. manggon ono ing [ balunge djabang bayi ]
3. Hosoropolo. manggon ono ing [ nyawane djabang bayi ]
4. Hodjorolo. manggon ono ing [ daginge djabang bayi ]
9. Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor sangang sasi: Gusti ngetokake kuwasane, nggawe roso kanggone djabang bayi kuwi, kang udjute koyo mengkene:
1. Budi. ing ndjerone budi ono, [ pikiran.]
2. Roso. ing ndjerone roso ono, [ sukmo.]
3. Pikiran. ing ndjerone pikiran ono, [ roso.]
4. Kahuripan. ing ndjerone kahuripan ono, [ Ingsoen.]
Jo Ingsoen sedjatine manungso, kang ditjiptakake Gusti, kang moho sutji, kang nggowo kasempurnane Gusti: Moho kuwoso Gusti, engkang pareng kasempurnane djabang bayi, ing bumi mulyo meniko, sangkeng kuwoso pandjenengan. Bandjor utjol sabdhoning Gusti kanggone Ingsoen, ninggalake bumi sutji. Utjol soko dalan kang tjilek, bebarengan sempurno marang udjute sedulor papat kang moho sutji: Duh Gusti kang moho sutji, kok kados makaten bumi mulyo puniko. Kabeh mahu uwes sempurno marang opo kang tinitah Gusti, kanggone djalmo manungso. Lan siro, djalmo manungso ora perlu wedi, marang kahuripan ing bumi mulyo iki. Awet kahuripan siro ing bumi mulyo kene ora idjen ketjobo nggowo kuwasane Gusti. Ugo siro ditunggu sedulor papat kang asmone, Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, rino klawan wengi kang dadi utusane Gusti. Amergo kuwi ngelingono marang sabdhoning Hosoropolo, kang diutos Gusti pareng warto kanggone siro bongoso Djowo. Supoyo siro biso mangerteni, lan ngelingi marang dino kang dadi pengapesane siro, sak mbendinane, ing dino kemis mbengi lan minggu mbengi. Awet ing dino kuwi, sengkalane siro teko, soko smoro bumi, kang
22
ndadegake, kahuripane siro ing bebayan, yen siro nglalekake marang udjute abang lan puteh. Amergo kuwi, ngelingono marang udjute siro, supoyo siro biso nduweni kasempurnan marang kahuripane siro kang ditunggu sedulor papat ing bumi mulyo iki.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

surakarta