Senin, 24 Agustus 2009

layang djoyoboyo (4)

( Hosoropolo: 1 )
Gusti pareng dawoh marang aku: Siro bongoso Djowo, sedjatine uwes diparingi Gusti, kadegdayan. Kanggo kaperluane siro kabeh sak mbendinane. Awet tanah djowo kang mahune gundol, Gusti, dadekake idjo, supoyo siro bongoso Djowo, biso krasan marang panggenan kang anyar iki.

16
( Hosoropolo: 2 )
Anangeng sabdhoning Gusti kang uwes tak tules ono ing layang Djojobojo, kanggone siro bongoso Djowo. Gusti pareng dawoh: siro bongoso Djowo, bakal ninggalake agomo peparingane Gusti kang moho sutji. Lan Gusti pareng sabdho: siro bongoso Djowo bakal lungo adoh, kanggo nggolekhi asmone Gusti, siro dewe bakal ora nduweni katentreman, yen siro kuwi lali marang asmone Gusti, kang uwes temuron kanggone siro, ing tanah djowo.
( Hosoropolo: 3 )
Sebab sabdhoning Gusti, kang uwes tak tules ing layang Djojobojo, kanggone siro, malah siro tinggalake. Menyang montjo endi wahe siro lungo, lan iki sabdhoning Gusti: bongoso Djowo ora bakal nduweni katentreman, nganti wantjine bali ono ing ngarsane Gusti.
( Hosoropolo: 4 )
Amergo pangertene Gusti kuwi luweh duwor, katimbang pangertene, siro bongoso Djowo, kang diparingi Gusti. Budi, roso, pikiran, lan angen- angen, supoyo siro biso mangerteni marang dununge kahuripan kang tekane soko Gusti. Anangeng djalmo manungso kang dadi tjiptakane Gusti kuwi, ngendikane marang siro. Iki sedjatine agomone siro. Sedjatine djalmo manungso kuwi, ngapusi siro, sebab siro djalmo manungso kang wiwitan teko ono ing djagat iki, kang nggowo agomone Gusti.
( Hosoropolo: 5 )
Gusti pareng sabdho: bongoso Djowo kabeh kang ono ing djagat iki, bakal ora mirengake maneh marang ngendikane Gusti. Awet sabdhoning Gusti kuwi uwes luweh disek teko.
( Hosoropolo: 6 )
Banyu kang mahune resek, bakal dadi reget, yen bongoso Djowo kuwi lali, marang wekasane Gusti. Ugo asmone Gusti kang manggon ono ing roso siro, bakal sirno, soko kahuripane bongoso Djowo. Semono ugo kasempurnane Gusti, kang papat, kang dititesake ing bumi sutji, bakal sirno soko kahuripane siro.
(Hosoropolo: 7 )
Gusti kang moho kuwoso, ugi Gusti kang pareng keslametan dumateng kawulo rino klawan wengi. Among pandjenengan Gusti, kawulo, pasrahaken gesang lan sedoh kawulo, sirno bebayan sangkeng kuwoso pandjenengan kagem sak lawase. Lan iki kang dadi sabdhoning Gusti, kanggone siro bongoso Djowo, kang iseh mangerteni marang kuwasane Gusti.
17
( Hosoropolo: 8 )
Gusti kang moho kuwoso, kang maringi ukom kanggone djalmo manungso, sak durunge djalmo manungso kuwi teko ing bumi sutji ne, ibu. Ugo pangomongan kang teko kanggone djalmo manungso kang ono ing djagat iki, uwes dadi sabdhoning Gusti.
( Hosoropolo: 9 )
Anangeng djalmo manungso kang dadi tjiptakhaning Gusti kuwi tansah, nggolekhi barang kang tjeloko kanggone uripe. Sak untoro peparingane Gusti kang utomo, malah ditinggalake. Lan semono ugo, djalmo manungso wedi, marang utjapane djalmo manungso, katimbang utjapane Gusti. Semono ugo bongoso Djowo, bakal ora biso nenuwon marang Gusti, nganggo bohoso ngawi, opo kuwi pantes mungguhing siro.
( Hosoropolo: 10 )
Gusti pareng sabdho: Kabeh mahu bongoso Djowo, kang bakal nerimo, marang ukumane Gusti. Awet djalmo manungso kang ono ing djagat iki, ora tahu nerimo marang peparingane Gusti. Amergo kuwi teko sabdhoning Gusti: Sewu djalmo manungso, sidji kang nuruti dawuhe Gusti. Sebab djalmo manungso kuwi lali, deneng setan kang dadi tjiptakane Gusti kuwi, manggon ono ing ragane, djalmo manungso.
( Hosoropolo: 11 )
Gusti kang moho kuwoso, nyiptakake rino klawan wengi, ugo Gusti, kang moho kuwoso pareng pangaksumo. Supoyo siro bongoso Djowo, ing wayah mbengi biso tjedak marang Gusti, lan nenuwon opo kang dadi kaperluane siro. Lan Gusti pareng sabdho: kahuripane bongoso Djowo kang mahune padang, bakal tak dadekake peteng kanggo sak lawase, yen bongoso Djowo kuwi nenuwon marang aku, nganggo bohosone djalmo manungso liyo.
( Hosoropolo: 12 )
Gusti pareng dawoh: Kapinteran kang uwes diparengake Gusti, kang uwes katules ono ing layang Djojobojo, kanggone siro bongoso Djowo, malah siro tinggalake. Lan siro dewe malah bali musuhi asmone Gusti. Anangeng aku, Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, kang diutos Gusti, ndjogo, budi, roso, lan kahuripane siro rino klawan wengi. Bakal nulesake opo kang dadi tumindakhe siro ing bumi mulyo iki.
( Hosoropolo: 13 )
Gusti pareng dawoh: Aku iki Gusti kang moho kuwoso, kanggone bongoso Djowo. Supoyo bongoso Djowo kang melu dalane Gusti, yen ing bebayan, biso nyebot asmone Gusti. Lan bebayan opo wahe, bakal disirnakake Gusti, soko kahuripan siro. Amergo Gusti
18
kuwi, kang moho mreksani, kahuripane djalmo manungso, ugo kahuripane djalmo setan.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

surakarta