Senin, 24 Agustus 2009

layang djoyoboyo2

Layang Djojobojo
Sabdhoning Gusti kang disampekake marang
Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo,
kanggone bongoso Djowo.
-------------------------------
( Djoborolo: 1 )
Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono, engkang nyiptakake langet lan bumi sarto isinipon. Lan iki kang dadi sabdhoning Gusti, kang wiwitan kang ngutos aku maringi warto marang bongoso Djowo.

( Djoborolo: 2 )
Supoyo siro bongoso Djowo, biso maringi pangerten marang bongoso Djowo, ugo djalmo manungso kang ono ing djagat iki. Supoyo djalmo manungso kuwi biso nenuwon marang Gusti, kang moho kuwoso. Anangeng djalmo manungso kuwi ora tahu pertjoyo deneng Gusti kuwi, kang pareng urep lan matine kabeh djalmo, lan iki sabdhoning Gusti. .
( Djoborolo: 3 )
Djoborolo pareng dawoh: Gusti uwes maringi sabdho marang bongoso Djowo, ugo djalmo manungso liyane. Supoyo djalmo manungso kuwi biso mangerteni marang kuwasane Gusti.
( Djoborolo: 4 )
Lan Gusti bakal masang tali marang gulune bongoso Djowo ugo djalmo manungso liyane, kang nglalekake marang opo kang dadi peparingane Gusti. Lan Gusti pareng dawoh: siro kabeh bakal songgowang lan lali, marang asal - usol siro, ugo marang asmone Gusti kang moho sutji.
( Djoborolo: 5 )
Palang kang manggon ono ing ngarep lan mburine kahuripan siro bongoso Djowo, ora bakal biso sirno. Yen siro kuwi ora mangerteni marang opo kang dadi pendjalukhe Gusti.
( Djoborolo: 6 )
Amergo kuwi, uripheng bongoso Djowo, ugo djalmo manungso kang ono ing djagat iki, kang ora pertjoyo marang Gusti. Bakal nemokake kasengsaran kang gede, yen Gusti kuwi uwes misahake sukmo lan ragane djalmo manungso. Lan pangomongan kang uwes diparengake Gusti marang djalmo manungso, bakal disuwon Gusti, bali ono ing ngarsane Gusti kang moho sentoso.
9
( Djoborolo: 7 )
Gusti pareng dawoh: Siro bongoso Djowo kang ngrungokake opo kang dadi pendjalukhe Gusti. Opo wahe kang mbok suwon Gusti bakal maringi, lan djalmo manungso bakal manot marang ngendikane siro, senadjan Gusti kuwi ora biso didelok nganggo mripate manungso, awet Gusti kuwi ora katon udjute. Nangeng yen siro pertjoyo, siro biso ndeleng pangutjapane.
( Djoborolo: 8 )
Gusti kang pareng pangaksumo dumateng djalmo manungso, kang wonten ing djagat meniko. Sedjatine Gusti arep maringi kahuripan maneh, kanggone djalmo manungso kang uwes sedoh. Lan semono ugo, olo betjikhe manungso uwes Gusti tules ono ing layang kang moho nyoto.
( Djoborolo: 9 )
Gusti pareng dawoh: Aku ngutos Djoborolo ora liyo, supoyo biso maringi warto marang bongoso Djowo, kang iseh durong biso nyebot asmoku Gusti, supoyo bongoso Djowo kuwi biso nduweni pangelingan marang aku.
( Djoborolo: 10 )
Anangeng bongoso Djowo kuwi tansah mbantah, marang opo kang dadi peparingane Gusti. Nganti akhire bebayan kuwi teko, manggon ono ing kahuripane bongoso Djowo kanggo sak mbendinane. Awet bongoso Djowo uwes ora tahu maneh, nduweni pangelingan kanggo nggolekhi asal - usule, nganti sak ikine.
( Djoborolo: 11 )
Gusti pareng dawoh: Aku uwes maringi pitutor marang Djoborolo, ugo maringi pitutor marang ukume bongoso Djowo kang uwes tak tules ono ing layang Djojobojo. Supoyo bongoso Djowo kuwi biso melu marang dalanku kang tenanan, lan nyebot asmoku: Moho kuwoso Gusti engkang pareng sedantenipon dumateng kawulo. Anangeng siro bongoso Djowo, malah nyalahake aku. Sedjatine siro dewe kang nggolekhi kasengsaran kuwi, sebab ora ngrungokake marang pangomonganku.
( Djoborolo: 12 )
Moho kuwoso Gusti, engkang nyempurnakake udjute Ingsoen kang pantjer, ugi kuwoso pareng sedulor papat kang ndjogo Ingsoen rino klawan wengi. Opo kuwi pantes mungguhing siro bongoso Djowo, nyembah aku Gusti nganggo bohosone wong liyo, sak untoro siro dewe mangerteni, deneng aku iki Gusti kang nggawe kahuripan, ugo kang nggawe patine siro.
10
( Djoborolo: 13 )
Duh Gusti engkang moho witjaksono. Tjahyonipon rino pandjenengan sampon sirno, bali marang udjute wengi sangkeng kuwoso pandjenengan. Slametake Ingsoen ing dalu meniko, sirnakake bebayan kang tansah anggudo kawulo, slamet sangkeng kuwasanipon pandjenengan. Opo kuwi pantes kanggone siro bongoso Djowo, ora nyembah Gusti kang pareng sabdho kanggone siro. Lan sabdhoning Gusti kang uwes temuron kanggo djalmo manungso kang ono ing djagat iki, ora bakal biso diowahi. Lan semono ugo ukumane Gusti kanggone bongoso Djowo.
( Djoborolo: 14 )
Gusti pareng dawoh: Yen siro ing bebayan bongoso Djowo, nenuwono siro kabeh marang aku, lan nyebuto asmoku: Gusti engkang welas asih, lan moho witjaksono, kang ngabulake opo kang dadi pendjalukhe kawulo.
( Djoborolo: 15 )
Gusti kang moho sutji lan moho kuwoso, kang nggawe urep lan matine djalmo manungso. Amergo kuwi rungokake pangomongane Djoborolo kang dadi utusanku, kang pareng warto kanggone siro bongoso Djowo. Supoyo ing tembe mburine, siro kabeh ora keno murkaku, yen aku iki uwes misahake sukmo lan rogo siro.
( Djoborolo: 16 )
Moho kuwoso Gusti kang nyiptakake langet lan bumi, sarto isinipon. Supoyo siro biso mangerteni marang kahuripan liyane kang ono ing djagat iki, kang ora biso didelok nganggo pikirane djalmo manungso, lan iki bakal dadi kasunyatan. Yen siro kuwi mangerteni marang kuwasane Gusti kang moho sutji.
( Djoborolo: 17 )
Awet opo kang diutjapake Gusti, bakal dadi kasunyatan. Lan semono ugo, ora ono sidjiho djalmo manungso utowo djalmo setan kang biso ngalang - ngalangi kekarepane Gusti. Awet kuwi, sak durunge murkane Gusti kuwi teko, rungokake opo kang dadi wekasanku iki, marang siro kabeh bongoso Djowo.
( Djoborolo: 18 )
Anangeng amergo witjaksanaku kang gede, kang diparengake Gusti, marang aku. Aku iseh tansah maringi warto kang betjik marang siro bongoso Djowo, supoyo siro biso nduweni kahuripan kang sempurno, yen siro kuwi biso mangerteni marang Gusti.
11
( Djoborolo: 19 )
Lan pangomonganku iki, yen disampekake marang bongoso Djowo liyane kang durong mangerteni marang Gusti. Opo siro ora wedi, marang siksane Gusti kang bakal teko, yen siro kuwi naliko uripe tansah mbantah marang kuwasane Gusti.
( Djoborolo: 20 )
Gusti pareng dawoh: Ora ono sidjiho utjapan kang bener soko djalmo manungso opo wahe, kang ono ing djagat iki, ketjobo pangomongane Djoborolo kang tak utos pareng warto marang siro bongoso Djowo. Aku Gusti kang moho mreksani, kang sedjatine sabdhoku iki uwes tak tules ono ing layang Djojobojo. Nangeng bongoso Djowo kuwi nglalekake marang wedjanganku iki.
( Djoborolo: 21 )
Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono. Djalmo opo wahe kang ono ing djagat iki, kang katon utowo kang ora katon bakal tundok marang aku. Moho kuwoso Gusti, kang pareng kasempurnan dumateng udjuting kawulo kang moho sutji.
( Djoborolo: 22 )
Siro bongoso Djowo, sedjatine uwes mangerteni marang kuwasaku, deneng Gusti ngutos aku supoyo biso maringi warto marang siro kabeh bongoso Djowo. Anangeng wekasane Gusti kang apek iki malah siro tinggalake, lan siro ugo lali marang aku.
( Djoborolo: 23 )
Tjubo dipiker kang tenanan, marang pangomonganku iki. Siro ditjiptakake Gusti, soko: Lemah, geni, banyu, lan angin, bandjor teko udjute siro kang moho sutji ing bumi mulyo iki. Awet siro djalmo manungso djowo kang wiwitan, kang teko ono ing djagat iki, kang nggowo kuwasane Gusti, kang 35 dino.
(Djoborolo: 24 )
Anangeng siro bongoso Djowo, ora tahu mangerteni marang peparingane Gusti. Kang uwes ditotho kanggone siro kabeh bongoso Djowo, naliko siro kuwi iseh mandjeng ono ing bumi sutji.
( Djoborolo: 25 )
Gusti pareng dawoh: Yen Gusti ndeleng kahuripane siro bongoso Djowo, kahuripane siro kabeh nggawe nelangsane Gusti. Sedjatine siro kuwi mangerteni, deneng Gusti kuwi kang maringi, sak kabehe marang kahuripan siro.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

surakarta