Selasa, 25 Agustus 2009

layang djoyoboyo (8)

( 10 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti,
kang disampekake marang Djoborolo, kanggone Ingsoen.
---------------------------------------------------------------------
Djoborolo pareng dawoh: Ingsoen, yen Gusti uwes misahake sukmo, lan ragane Ingsoen. Ingsoen bakal nduweni urusan kang gede, marang Gusti, yen Ingsoen kuwi ora nduweni kapertjayan marang Gusti, kang moho kuwoso. Awet naliko Ingsoen iseh manggon ing bumi mulyo, Ingsoen tansah nduweni wasongko kang olo marang kuwasane Gusti, kang nggawe urep lan matine Ingsoen.

Lan wasongko kang olo kuwi, ndadegake kahuripane Ingsoen ing bebayan kang gede. Nganti akhire sekarating Ingsoen kuwi teko. Lan sekarat iki kang ndadegake kasengsaran kanggone ragane Ingsoen, kang ora ono entekhe. Ugo aku dewe kang diparingi kuwoso marang Gusti, ora biso nulungi opo kang dadi sengsarane Ingsoen. Sedjatine Gusti kuwi manggon ono ing rosone Ingsoen, amergo kuwi tjekelen asmone Gusti, lan dudohake niat Ingsoen, rino klawan wengi, ugo nenuwono marang Gusti. Supoyo sekarate Ingsoen kuwi ora teko, ing bathine Ingsoen.
( 11 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti,
kang disampekake marang Mokoholo, kanggone Ingsoen.
--------------------------------------------------------------------
Ingsoen kudu biso nyaksekake, marang benihe Ingsoen kang moho sutji. Amergo kuwi, ora ono Gusti kang kuwoso ing djagat iki, kedjobo Ingsoen kang sidji. Lan Ingsoen nyaksekake sedulor papat Ingsoen kuwi, utusane Ingsoen, kang ndjogo Ingsoen rino klawan wengi. Ugo kang asmone Gusti kuwi, sedjatine ragane Ingsoen. Lan semono ugo Mokoholo kuwi, kang pareng roso ugo kang pareng tjahyo kanggoning kahuripane Ingsoen, tan keno, mati kanggo sak lawase. Dungo: Ingsoen kang tansah nduweni pangelingan, marang sedulor Ingsoen Mokoholo. Kang tansah maringi roso marang Ingsoen sak mbendinane, tan keno Ingsoen lalekake. Ingsoen kang tansah nduweni kasempurnan, marang sedulor Ingsoen Mokoholo, kang tansah ngadohake Ingsoen soko bebayan rino klawan wengi, tan keno Ingsoen lalekake. Ugo Ingsoen biso ngentekake kuwasane Ingsoen, kang diparengake Gusti, kang manggon ono ing ragane Ingsoen.
27
( 12 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti,
kang disampekake marang Hosoropolo, kanggone Ingsoen.
-----------------------------------------------------------------------
Sedulor Ingsoen kang bebarengan mreksani, ugo bebarengan mirengake opo kang dadi ngendikane Ingsoen. Ugo Hosoropolo tansah maringi pangelingan, marang kahuripane Ingsoen. Dungo: Sedulor Ingsoen kang papat, Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, kang tansah mirengake opo kang dadi, pendjalukhe Ingsoen. Welas asiho siro kabeh marang Ingsoen, soko kuwasane Ingsoen kang diparengake Gusti kang moho sutji.
( 13 )
Wedjangane marang sabdhoning Gusti,
kang disampekake marang Hodjorolo, kanggone Ingsoen.
---------------------------------------------------------------------
Ingsoen biso ngutjolake sukmane Ingsoen, soko ragane Ingsoen tanpo kasengsaran. Sukmane Ingsoen bali marang bumi sentosane Gusti, kang ditunggu sedulor Ingsoen Hodjorolo, kang nunggu, djagate rosoning Ingsoen. Bandjor teko djagate sukmo, lan djagate sukmo Ingsoen terusake marang djagate pikiran. Bandjor djagate pikiran, Ingsoen terusake marang djagate pangomongan, jo kuwi mati. Dungo: Ingsoen benih kang moho sutji, kang dadi tjiptakhaning Gusti kang moho kuwoso. Gusti kang moho kuwoso kang kuwoso, ngutjolake sukmane Ingsoen soko ragane Ingsoen tanpo kasengsaran. Lan Ingsoen kang kuwoso ngumpolake, sedulor papat marang udjute Ingsoen kang moho sutji soko Gusti.
( 1 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti,
diwotjo ing tanggal 1 hosoro,
karo semedi ono ing pingger segoro.
-------------------------------------------
Jo Gusti kang moho sutji.
Jo Gusti kang moho pangaksumo.
Jo Gusti kang moho sentoso.( diwotjo kapeng 33.)
bandjor sakteruse, motjo dungo kanggo nyuwon pandjang umor marang Gusti kang moho witjaksono, supoyo opo kang dadi pendjalukhe Ingsoen, biso kaleksanan, amergo welas asihe Gusti.
Wojo dothogoboso.
Wojo bosoto.( diwotjo kapeng 100.)
28
( 2 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti,
kanggo mbuwak sengkalane djalmo manungso,
ing tanggal 1 hosoro, kanggone kang ora biso mahos.
---------------------------------------------------------------
Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono, ugi Gusti engkang moho kuwoso, pareng pangaksumo dumateng djalmo manungso.
Sirno bebayan soko raganing. ****** (sebuten djenenge.)
Ugo sirno kesalahaning. ****** (sebuten djenenge.)
Marang sedulure. ****** kang papat.
Slamet marang kuwasaning. ****** (sebuten djenenge.)
Budi sempurno marang udjute. ****** (sebuten djenenge.)
kang moho, sutji. Soko kuwasaning Gusti. (diwotjo kapeng 7.)
( 3 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti,
mahos dungo keslametan ing tanggal 1 hosoro.
-------------------------------------------------------
Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono, engkang kuwoso pareng gesang lan sedoh, dumateng djalmo manungso, wonten ing djagat meniko. Ugi pandjenengan Gusti, engkang kuwoso pareng ukuman, lan pangaksumo, dumateng djalmo manungso engkang mboten mirengake menopo sabdhonipon pandjenengan. Gusti engkang welas asih, lan moho witjaksono. Engkang kawulo sembah rino klawan wengi. Moho kuwoso Gusti, kawulo atoraken dumateng pandjenengan, bileh ing dinten hosoro sak muniko, kito sedoyo saget sesarengan mudji asmonipon pandjenengan. Moho kuwoso Gusti, bileh pandjenengan tansah maringi wiludjeng, ugi keslametan, kagem kito sedoyo, ngantos sak meniko. Gusti engkang welas asih lan moho kuwoso, ugi pandjenengan kang moho mreksani, dumateng kaperluan kito sedoyo, ing dinten sak meniko. Pandjenengan djagi kawulo sedoyo Gusti, supados kito sedoyo saget mlampah slamet, sangkeng kuwoso pandjenengan: Nuwon.
( 4 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti, kanggone Ingsoen.
Diwotjo ing wayah tanggal 1 hosoro, karo mbuwak
kembang werno limo ing pingger segoro.
------------------------------------------------
Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono. Sirno bebayan sangking raganing Ingsoen, ugi sirno kesalahaning Ingsoen, marang sedulor Ingsoen kang papat. Slamet marang kuwasaning Ingsoen, budi sempurno marang kahananing Ingsoen, kang moho sutji. Soko kuwasaning Gusti.
29
( 1 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti, kanggone Ingsoen.
Kanggo mangerteni marang ananeng sesadjen.
------------------------------------------------------
Ingsoen kang tansah nduweni pangelingan marang asal - usule Ingsoen. Ugo marang asal - usule sedulor papat, kang tansah momong Ingsoen ono ing bumi mulyo kene. Ingsoen sumpah marang benihe Ingsoen kang moho sutji, ugo marang sedulor Ingsoen kang papat. Kang metu bebarengan soko dalan kang sempit soko kuwasane Gusti. Bandjor sedulor Ingsoen kang papat, kang metu bebarengan sempurno, utjol soko ragane Ingsoen. Naliko umure Ingsoen ngantjek selapan ndino. Amergo kuwi Ingsoen kudu nduweni pangelingan marang udjute Ingsoen, welas asih, lan angkoro murko, ugo marang sedulor Ingsoen kang papat.
( 2 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti, kanggone Ingsoen.
Diwotjo yen Ingsoen arep sesadjen.
-----------------------------------------
Niat Ingsoen sesadjen, kanggo ngaweruhi sedulor Ingsoen, kang momong Ingsoen ono ing bumi mulyo. Kakang kawah adi Ingsoen si ari - ari, sedulor papat limo pantjer jo Ingsoen iki. Siro kang diutos Gusti ndjogo kahuripane Ingsoen, rino klawan wengi, tekoho ing dino iki. Slamet marang opo kang dadi pendjalukhe Ingsoen, soko kersane Gusti kang moho sutji. (Bandjor terusake mahos dungo: Gusti engkang welas asih, lan moho witjaksono. 250.)
( 3 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti, kanggone Ingsoen.
Diwotjo yen Ingsoen arep sesadjen.
-----------------------------------------
Ingsoen kang nyaksekake marang asal - usule Ingsoen kang moho sutji. Kakang kawah adi Ingsoen si ari - ari, pusating kabeh sedulor Ingsoen, kang ndjogo Ingsoen ono ing djagate Gusti kang moho sentoso. Siro: Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, kang mangku rasane Ingsoen. Ugo siro kabeh kang mangku, tjahyo kahuripane Ingsoen kang moho sutji kanggo sak mbendinane. Turutono marang opo kang dadi pendjalukhe Ingsoen, supoyo tjahyo kahuripane Ingsoen, biso bali sempurno, marang udjute Ingsoen kang moho sutji. Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono, ugi pandjenengan engkang moho kuwoso, pareng kasempurnan marang udjute Ingsoen, ugi marang udjute sedulor papat kang momong Ingsoen. Slametake Ingsoen sangkeng bebayan menopo kemawon, supados Ingsoen saget mlampah
30
slamet, mboten wonten alangan setunggal menopo, sangkeng kuwoso pandjenengan. Gusti engkang moho pangaksumo.
( 4 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti, kanggone Ingsoen.
Kanggone nyuwon pangaksumo marang Gusti, diwotjo yen
Ingsoen arep mangkat turu.
-------------------------------
Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono, ugi pandjenengan, engkang moho pangaksumo. Gusti dalem nyuwon pangaksumo pandjenengan, bileh dalem kagungan kalepatan. Slametaken dalem, sangkeng bebayan setan, supados dalem saget mlampah sahe sangkeng dalan pandjenengan. Paringono keslametan dumateng bopo lan ibu kawulo. Ugi paringono keslametan dumateng sederek, kawulo. Ugi dumateng kawulo engkang kagungan kalepatan. Gusti engkang moho sutji, ugi pandjenengan engkang moho mulyo, engkang pareng kanugrahan dumateng kawulo.
( 5 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Djoborolo, kanggone bongoso Djowo.
------------------------------------------------------
Djoborolo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen nduweni kahuripan kang tansah nyengsarakake, kahuripane siro. Angkaten tangan siro, bandjor wenehake ono ing widjar siro. Lan watjanen dungo iki, kasengsaran kang ono ing ragane siro bakal sirno: Gusti kang moho kuwoso, kang ngutjolake kasengsarane Ingsoen rino klawan wengi. Ugi pandjenengan Gusti, kang mbikak dalanipon redjeki, kagem kahuripan Ingsoen.
( 1 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Djoborolo, kanggone bongoso Djowo.
-------------------------------------------------------
Djoborolo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen nduweni kahuripan kang tansah nyengsarakake, bathineng siro, ugo pikirane siro ora karu - karuan. Watjanen dungo iki, pikiran lan roso siro kang ora karu - karuan, bakal sirno: Gusti kang moho gesang, kang pareng tjahyo kahuripanipon Ingsoen. Ugi pandjenengan Gusti, kang pareng kekuatan dumateng sedoyo isinipon ragane Ingsoen.
31
( 2 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disempekake
marang Djoborolo, kanggone bongoso Djowo.
--------------------------------------------------------
Djoborolo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen nduweni kahuripan ing bebayan. Watjanen dungo iki, lan bebayan opo wahe kang katon, utowo kang ora katon, bakal sirno: Gusti kang moho mreksani marang kedadian kang moho nyoto, ugi Gusti kang pareng keslametan dumateng kahuripanipon Ingsoen.
( 3 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Mokoholo, kanggone bongoso Djowo.
--------------------------------------------------------
Mokoholo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen nduweni kahuripan, kang ora tentrem. Ugo ati siro tansah nduweni roso angkoro murko. Semono ugo ati siro tansah bingung, ora mangerteni marang opo kang dadi kekarepane siro. Watjanen dungo iki karo semedi ono ing panggenan kang sepi. Opo wahe kang dadi kasengsarane siro, bakal sirno: Gusti engkang moho sutji, engkang pareng kasutjian dumateng kahuripane Ingsoen. Ugi pandjenengan Gusti, engkang tansah maringi kamulyan dumateng kahuripane Ingsoen, engkang dados kaperluan Ingsoen, sak mbendinane.
( 1 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Mokoholo, kanggone bongoso Djowo.
--------------------------------------------------------
Mokoholo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen bubar sesadjen ing dino minggu mbengi, lan dino kemis mbengi. Ugo siro kapengen mreksani marang kahuripan, kang manggon ing atine djalmo manungso. Watjanen dungo iki sak okehe, ono ing panggenan kang sepi: Gusti kang moho kuwoso, kang pareng kamulyan ono ing mripate Ingsoen.
( 2 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Mokoholo, kanggone bongoso Djowo.
--------------------------------------------------------
Mokoholo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen kapengen nduweni, katentreman kanggone kahuripane siro. Ugo siro pengendi djogo sedulor papat kang asmone. Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, rino klawan wengi. Watjanen dungo iki ono
32
ing mburi palawangan ngarep omah, ing wayah djam rolas mbengi: Gusti engkang welas asih, kang moho kuwoso pareng kasempurnane, Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo. Kang ndjogo ragane Ingsoen, rino klawan wengi.( diwotjo kapeng 7.)
( 1 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Hosoropolo, kanggone bongoso Djowo.
----------------------------------------------------------
Hosoropolo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen nduweni pendjalok marang Gusti. Utowo djalmo manungso kuwi nggawe susahing siro. Watjanen dungo iki sak okehe, pitong mbengi lawase ing wayah djam wolu mbengi. Siro bakal nerimo opo kang dadi, pendjalukhe siro: Gusti kang moho kuwoso, kang ngabulake kekarepane Ingsoen. Ugi pandjenengan Gusti, kang pareng menopo, kang Ingsoen suwon.
( 2 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Hosoropolo, kanggone bongoso Djowo.
----------------------------------------------------------
Hosoropolo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen nduweni anak kang pikirane rodo kethol, siro odjo bingong. Ndjukokho banyu sak gelas, lan dunganono bandjor diombekake. Anangeng yen botjah kuwi uwes biso motjo, kongkonen botjah kuwi motjo dungo iki, botjah kuwi bakal bali sempurno: Gusti engkang moho kuwoso wonten ing djagat meniko. Ugi pandjenengan Gusti, kang kuwoso nyirnakake bebayan, engkang manggen wonten ing raganipon, anak kawulo. Sirno bebayan sangkeng kuwoso pandjenengan.
( 3 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Hosoropolo, kanggone bongoso Djowo.
---------------------------------------------------------
Hosoropolo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen siro nduweni panyuwon marang Gusti. Opo wahe kang siro suwon, Gusti bakal maringi, lan mirengake opo kang dadi panyuwune siro. Angger siro kuwi pertjoyo marang Gusti kang moho sutji, ugo kang moho witjaksono. Lan siro bakal diparingi umor kang pandjang yen siro, mahos dungo iki: Gusti kang moho sentoso, kang pareng, Ingsoen yuswo kang pandjang.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

surakarta