Senin, 24 Agustus 2009

layang djoyoboyo (7)

( 1 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti kang gaib
kanggone Ingsoen, ing bumi sutji.
Kang ditules Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo.
------------------------------------------------------------------------
Sak durunge benihe Ingsoen kuwi ono, Gusti kang luweh disek nggawe ukom kanggone Ingsoen, bandjor sukmo kang iseh durong ono isine ing bumi sutji. Ketjobo kang luweh disek teko, asmone, Ingsoen ing bumi sutji, ora ono Gusti ketjobo Ingsoen. Lan benihe Ingsoen kang moho sutji, kang ditjiptakake Gusti, ndadegake sipate Ingsoen sutji, ono ing asmone Ingsoen.

( 2 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti,
ndadegake benihe Ingsoen ing bumi sutji.
-------------------------------------------------
Ingsoen benih kang moho sutji, kang biso nggawe sak widjine kedadian, ugo Ingsoen biso ngentekake opo kang dadi kekarepane Ingsoen. Awet Ingsoen nduweni kasempurnan kang manggon ono ing ragane Ingsoen, kang diparengake Gusti. Lan iki tondo, kang kasunyatan marang asal - usule Ingsoen. Luweh, luweh Ingsoen iki rasane manungso kang ditjiptakake Gusti, kang tekane soko: (1. Lemah.) ( 2. Geni.) ( 3. Banyu.) ( 4. Angin.) Bandjor teko rasane Ingsoen kang lima jo kuwi: ( l. Tjahyo.) ( 2. Roso.) (3. Sukmo.) (4. Angkoro murko.) ( 5. Budi.) semono, ugo budi kuwi tali rupane Ingsoen, kang moho sutji, tan keno, reget kanggo sak lawase.
( 3 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti,
supoyo Ingsoen biso, nglebor marang kesalahane.
-----------------------------------------------------------
Ingsoen nduweni kesalahan, marang ragane Ingsoen, kang moho sutji, kang ditjiptakake Gusti. Awet Ingsoen tansah nglalekake, marang asal - usol Ingsoen, kang tekane soko Gusti. Bandjor reget kuwi teko, ngrusak kahuripane Ingsoen, kanggo sak mbendinane. Lan akhire Ingsoen nduweni roso ngapusi, angkoro murko, lali, kang tekane amergo kesalahane Ingsoen dewe. Sebab Ingsoen uwes ora tahu maneh mangerteni, marang kasempurnane Ingsoen kang diparingi Gusti, ugo marang sedulor papat kang momong Ingsoen, rino klawan wengi Dungo: ( Gusti kang moho
23
pangaksumo, kang kuwoso pareng kasempurnan marang Ingsoen. Ingsoen nglebor marang kesalahane Ingsoen, ugo marang dusane Ingsoen kang nggawe, sengsarane kahuripane Ingsoen. Sirno bebayan soko, kuwasane Gusti kang moho pangaksumo, sirno bebayan kanggo sak lawase. Ingsoen sempurnakake udjute Ingsoen, kang mahune sirno. Slamet sempurno marang udjute Ingsoen kang moho sutji soko kuwasane Gusti.)
( 4 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti,
supoyo Ingsoen biso nglebor kesalahane
marang sedulor papat, kang momong Ingsoen
------------------------------------------------------
Ingsoen nglebor dusane Ingsoen, marang sedulor Ingsoen kang papat: Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, kang ndjogo Ingsoen rino klawan wengi. Kakang kawah adi Ingsoen si ari - ari, pusating kabeh sedulor Ingsoen, kang ndjogo Ingsoen ono ing djagate Gusti, kang gaib. Kang metu bebarengan sempurno, marang udjute Ingsoen kang pantjer, kang tinitah Gusti. Dungo: Gusti engkang welas asih lan moho pangaksumo, sirnakake bebayan, kang ono ing ragane Ingsoen, ugo sirnakake kabeh kesalahane Ingsoen, marang sedulor Ingsoen kang papat. Slamet soko kuwasane Gusti, ugo slamet marang kahanane Ingsoen, kang sedjati, kanggo sak lawase.
( 5 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti,
ngawenake sukmo lan ragane Ingsoen.
----------------------------------------------
Gusti kang moho kuwoso, kang ngawenake sukmane Ingsoen, karo ragane Ingsoen, lan pengulune poro Midodari. Bandjor disaksekake, sedulor Ingsoen kang papat, kang asmone: Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, lan Hodjorolo, kang mangku roso, ugo kang pareng tjahyo kahuripane Ingsoen. Bandjor Gusti maringi kuwasane, marang sedulor Ingsoen kang papat kang diutos Gusti, ndjogo, kahuripane Ingsoen ing bumi mulyo kene, supoyo Ingsoen biso nduweni kahuripan kang sempurno:
1. Djoborolo. kang maringi pangomongan marang Ingsoen.
2. Mokoholo. kang maringi roso marang Ingsoen.
3. Hosoropolo. kang maringi pangelingan marang Ingsoen.
4. Hodjorolo. kang maringi wisikhan marang Ingsoen.
Bandjor Ingsoen nebusi mas kawine Ingsoen, sukmo lan ragane Ingsoen marang Gusti, jo kuwi kasempurnan kang ono ing kuwasane Ingsoen kang sidji: Joho Gosoto. Joho Djoborolo. Joho Mokoholo. Joho Hosoropolo. Joho Hodjorolo. Joho Hongosono.
24

( 6 )
Wedjangane marang sabdhoning Gusti,
mbangon keratone Ingsoen, ing bumi mulyo
ugo ing bumi sentosane Gusti mengkone.
-------------------------------------------------
Ingsoen benih kang moho sutji, kang tinitah Gusti. Ingsoen biso, ndadegake sak widjine kedadian, ugo Ingsoen biso ngentekake, opo kang dadi kekarepane Ingsoen ono ing djagat iki. Sarto Ingsoen kang moho kuwoso, nyiptakake keratone Ingsoen kang agung, nganti kang moho mulyo kanggo sak lawase. Dungo: Ingsoen ngubengi kasempurnan marang keratone Ingsoen, ugo sedulor papat kang ngubengi ragane Ingsoen, kang ora ono entekhe. Keratone Ingsoen padang, lan mbukak marang opo kang dadi tjiptakhaning Ingsoen, lan teko kabeh kekarepane Ingsoen rino klawan wengi kang ara ono entekhe, soko kuwasane Gusti.
( Dungo kuwi diwotjo naliko arep masang djanur, ono ing nduwor pelawangan, ing tanggal 1 hosoro.)
( 7 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti,
supoyo Ingsoen biso mbalekake sengkalane rogo.
-----------------------------------------------------------
Sengkolo kang ono ing bumi mulyo, Ingsoen kabeh kang nduweni ugo marang ukumane Gusti, yen Ingsoen uwes bali. 1. Rambot. 2. Geteh. 3. Kulet 4. Dageng. 5. Balong, lan sak isine ragane Ingsoen. Kang asale soko tjahyo, bali marang asale tjahyo kang moho sutji, kang ara ono entekhe. Dungo: Gusti kang moho sutji, ugi pandjenengan engkang moho pangaksumo, dumateng djalmo manungso kang sampon kondor wonten ing ngarso pandjenengan kagem sak lawase. Moho kuwoso Gusti, pandjenengan sirnakake sengkalane Ingsoen, supados anak lan putunipon mboten nandang kasengsaran. wonten ing bumi mulyo meniko. Gusti kang moho pangaksumo, kang nyirnakake udjute Ingsoen kang moho sutji, kagem sak lawase.
25
( 8 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti,
nyempurnakake Ingsoen, ugo sempurnane sedulor papat
kang diutos Gusti, ndjogo kahuripane Ingsoen.
-------------------------------------------------------
Ingsoen kang nduweni kadegdayan, kang tekane soko Gusti. Semono ugo, Ingsoen biso nggawe sak widjine kedadian, ono ing djagat iki, mergo witjaksonone Gusti kang moho kuwoso. Kang ngutos Ingsoen teko, ono ing bumi mulyo. Anangeng kuwasane Ingsoen, disuwon Gusti bali, ono ing panggenane Gusti kang moho sutji, kanggo sak lawase. Kuwasane Ingsoen bali sempurno marang udjute Ingsoen kang pantjer, ugo marang sempurnane sedulor, papat, kang pareng pangelingan marang Ingsoen. Dungo:
1. Hodjorolo. kang ngutjolake rasaning Ingsoen soko rogo.
2. Hosoropolo. kang ngutjolake sukmane Ingsoen soko rogo.
3. Mokoholo. kang ngutjolake pikirane Ingsoen soko rogo.
4. Budi lan pangomongane Ingsoen, kang ngutjolake sedulor Ingsoen, kang asmone Djoborolo. Kang nerusake pangomongan marang Gusti, deneng sukmane Ingsoen disuwon Gusti bali.
( 9 )
Wedjangan marang sabdhoning Gusti,
ugo marang sengsarane keturunane Ingsoen.
-----------------------------------------------------
Keturunane Ingsoen kang iseh manggon ono ing bumi mulyo kene, bakal nemokake kasengsaran kang gede, yen Ingsoen uwes bali, ono ing ngarsane Gusti kang moho sutji. Awet wiwitane Ingsoen, ngidak bumi mulyo kene, Ingsoen ora tahu mangerteni marang kuwasane Ingsoen kang diparingi Gusti. Ugo Ingsoen tansah nglalekake marang dawuhe Gusti, kang nyiptakake Ingsoen, ono ing bumi sutji. Ingsoen tansah nduweni pikiran kang olo marang dawuhe Gusti kang nyiptakake Ingsoen, nganti kahuripane, Ingsoen nandang kasengsaran. Sedjatine Ingsoen mangerteni, marang kahuripane Ingsoen, sak mbendinane. Kang sak mestine, Ingsoen biso ngutjapake sembah nuwon marang Gusti, kanggo sak mbendinane, sebab Gusti kang pareng sak kabehe, marang kahuripane Ingsoen. Anangeng Ingsoen, tansah tumindak olo nglakokake barang kang tjeloko, nganggo pikirane dewe, lan semono ugo, Ingsoen malah bali musuhi Gusti. Djoborolo pareng dawoh: Opo kuwi pantes kanggone Ingsoen tumindak tjitro marang Gusti, kang pareng kasempurnan marang Ingsoen. Ugo sengkolo kang manggon ono ing ragane Ingsoen, bakal nyengsarakake keturunane, Ingsoen, yen Gusti kuwi uwes misahake sukmane Ingsoen. Amergo kuwi kanggone Ingsoen, kang iseh nduweni
26
pangelingan marang dawuhe Gusti, tumindakho kang betjek marang Gusti, sak durunge murkane Gusti kuwi teko.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

surakarta