Senin, 24 Agustus 2009

layang djoyoboyo (3)

( Mokoholo: 1 )
Anangeng kabeh mahu, yen aku ndeleng. Uwes dadi pendjalukhe bongoso Djowo dewe, deneng kahuripane bongoso Djowo kuwi dadi kasurang - surang, awet ora mirengake maneh marang ngendikane Gusti, ugo marang ngendikanku kang diutos Gusti.
12
Gusti kang moho witjaksono, pandjenengan djagi kahuripan kawulo meniko, sangkeng bebayan kang tansah nggudo kawulo rino klawan wengi, sangkeng kuwoso pandjenengan.

( Mokoholo: 2 )
Gusti kang nyaksekake marang opo kang dadi kasengsarane kawulo bongoso Djowo, lan Gusti pareng sabdho: Roso kang manggon, ono ing atine siro bongoso Djowo, ora bakal biso ngapusi marang asal - usol siro, senadjan siro kuwi nglalekake asmone Gusti kang pareng kahuripan marang siro.
( Mokoholo: 3 )
Gusti pareng dawoh: Sedjatine ora ono pangomongan kang kasep kanggone bongoso Djowo, kang durong mangerteni marang Gusti. Lan Gusti pareng sabdho: nyebuto asmoku Gusti kang pareng pangaksumo dumateng kawulo. Lan bongoso Djowo kang uwes biso nyebot asmoku Gusti, kudu biso ninggalake barang kang tjeloko kang manggon ono ing uripe. Awet bongoso sopo wahe kang ora ngrungokake opo kang dadi pangomonganku, bakal keno sabdhoku kang gede, kang ora ono enthekhe.
( Mokoholo: 4 )
Lan Gusti pareng dawoh: siro bongoso Djowo yen uwes wantjine bali ono ing ngarsane Gusti, siro kabeh ora bakal biso ndjalok pangaksumo marang Gusti, ketjobo nerimo marang ukumaning Gusti, kang bakal nyengsarakake sukmane siro, mengkone.
( Mokoholo: 5 )
Gusti pareng sabdho: Siro bongoso Djowo, lahir udho tanpo opo opo, ketjobo nggowo kuwasane Gusti kang papat, kang utjol bebarengan soko dalan kang tjilek. Semono ugo kang dikarepake Gusti kang moho sutji, yen siro bali. Anangeng siro kuwi tansah, nggawe olo marang ukumaning Gusti kang uwes diparengake marang siro.
( Mokoholo: 6 )
Gusti pareng sabdho: Siro bongoso Djowo, odjo pisan - pisan nglalekake marang utusanku, kang uwes nules sabdhoku ono ing layang Djojobojo, kanggone siro bongoso Djowo. Awet olo lan betjikhe siro kabeh, uwes katules ono ing layang kang moho nyoto yen siro kuwi ora mirengake pangomonganku. Lan siro kabeh bakal nemokake kasengsaran kang gede, ing bumi sentoso mengkone, ugo marang keturunane siro.
13
( Mokoholo: 7 )
Gusti pareng dawoh marang aku: siro bongoso Djowo, yen pertjoyo marang Gusti, opo wahe kang siro suwon, Gusti bakal maringi. Awet Gusti kuwi kang moho kuwoso, kang ngabulake opo wahe kang dadi pendjalukhe siro.
( Mokoholo: 8 )
Gusti pareng dawoh: Tresnane Gusti marang siro bongoso Djowo ora ono bedane, senadjan Gusti kuwi maringi pangomongan liyo marang djalmo manungso. Supoyo djalmo manungso kuwi biso nenuwon marang Gusti, nganggo bohosone dewe - dewe.
( Mokoholo: 9 )
Gusti pareng dawoh: Siro bongoso Djowo kang tak tresnani, aku maringi pangerten marang siro, supoyo siro kuwi biso mangerteni marang kuwasane Gusti, kang tuhu kuwi.
( Mokoholo: 10 )
Awet kuwasane Gusti kang diparengake marang siro, luweh gede katimbang Gusti pareng kuwasane marang djalmo manungso. Supoyo bongoso Djowo kuwi biso nenuwon marang Gusti, nganggo bohoso ngawi, lan biso tjedak marang Gusti.
( Mokoholo: 11 )
Gusti kang moho kuwoso kang nyiptakake sak widjine kedadian kanggone djalmo manungso. Tjubo dipiker kang tenanan marang ngendikane Gusti iki, siro nduweni bohoso kang okeh, sak untoro djalmo manungso kang ono ing djagat iki, ora nduweni.
( Mokoholo: 12 )
Gusti kang moho kuwoso, kang nduweni panguwoso kang gede, ono ing djagat iki. Ugo siro bongoso Djowo kang tak paringi kadegdayan, marang bohoso ngoko, bohoso kromo inggel, bohoso kromo madyo, bohoso ngawi ngisor, bohoso ngawi nduwor, ugo isine layang Djojobojo. Supoyo siro kabeh biso nenuwon marang Gusti nganggo, opo kang dikarepake Gusti.
( Mokoholo: 13 )
Gusti pareng dawoh: Gusti kang moho kuwoso pareng ukuman marang djalmo manungso, ugo djalmo setan kang ora mirengake marang dawuhe Gusti. Lan aku dewe, tansah maringi pangelingan marang siro bongoso Djowo. Anangeng siro kabeh malah nglalekake, marang agomo siro, kang uwes tak tules ono ing layang Djojobojo, lan siro malah tumindak kang olo marang bongoso siro dewe, ugo siro bakal mateni bongoso siro dewe, awet siro uwes ora tahu mangerteni maneh marang asal - usol siro.
14
( Mokoholo: 14 )
Pangelingan siro bongoso Djowo, kang uwes manggon ono ing sirahe siro, bakal disirnakake Gusti soko kahuripane siro. Awet Gusti kang ngutos aku pareng warto lan agomone bongoso Djowo, kanggone siro kabeh, malah siro tinggalake.
( Mokoholo: 15 )
Gusti kang moho mekso ukom, kang dadi kekarepane, lan djalmo manungso kang tumindak tjitro marang Gusti, kang ora mirengake marang wartoku iki. Bakal keno seksane Gusti kang gede.
( Mokoholo: 16 )
Gusti pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, mreksanono marang kuwasane Gusti, naliko siro manggon ing bumi sutji, umor pitong sasi. Amergo kuwasane Gusti siro dadi sempurno. Anangeng siro kabeh, ara tahu mangerteni marang kuwasane Gusti kang diparengake marang siro, supoyo siro biso ngutjapake sembah nuwon marang Gusti.
(Mokoholo: 17 )
Djalmo opo wahe kang ono ing djagat iki, ono ing tangane Gusti, kang moho kuwoso. Lan Gusti biso nyirnakake opo wahe kang dadi kekarepane. Anangeng amergo witjaksanane Gusti kang moho kuwoso, kang ngutos aku. Gusti iseh maringi kalonggaran marang siro bongoso Djowo, kanggo nyuwon pangaksumo. Supoyo ing tanggal 1 hosoro, bongoso Djowo biso nebusi duso marang Gusti kang moho kuwoso. Gusti kang moho sutji, kang pareng pangaksumo dumateng kawulo, ugi Gusti kang moho sentoso, nebusi marang kesalahane bongoso Djowo, kang iseh durong mangerteni marang kuwasane Gusti. Kuwi sabdhoning Gusti kang disampekake, marang aku kanggone siro.
( Mokoholo: 18 )
Gusti pareng dawoh: Sedjatine siro bongoso Djowo, nduweni kuwoso kang gede, soko Gusti. Katimbang Gusti pareng marang manungso liyane kang ono ing djagat. Anangeng sabdhoning Gusti, kang uwes tak tules ono ing layang Djojobojo, siro bongoso bakal lali marang agomo kang tekane soko Gusti, lan siro bakal ngelekake opo kang dadi peparingane Gusti.
( Mokoholo: 19 )
Sedjatine Gusti arep maringi maneh, marang opo kang dadi pendjalukhe siro kabeh. Anangeng opo kang uwes diparengake Gusti, siro ora tahu mangerteni, ugo siro malah bali musuhi Gusti, kang moho kuwoso kang pareng sak kabehe marang siro.
15
( Mokoholo: 20 )
Lan siro bongoso Djowo, kang mahune dadi katresnane Gusti malah, nglalekake marang asmone Gusti. Lan pangelingan kang mahune teko kanggone siro bongoso Djowo, ugo isine layang Djojobojo, dadi sirno soko kuwasane Gusti, kanggo kahuripane siro bongoso Djowo, yen siro kuwi ora nggolekhi asal - usol siro.
( Mokoholo: 21 )
Sebab agomone bongoso Djowo kang asli, kang tekane soko Gusti, engkang welas asih lan moho witjaksono. Ora bakal biso digolekhi, ugo adate bongoso Djowo kang asli. Sebab siro bongoso, djowo, uwes ora tahu maneh ngrungokake marang sabdhoning Gusti, kang uwes katules ono ing layang Djojobojo, kang wiwitan teko ono ing tanah djowo.
( Mokoholo: 22 )
Gusti pareng dawoh: Sak durunge Gusti nyiptakake siro, bongoso Djowo. Gusti uwes maringi opo wahe, kanggo kahuripan siro ing bumi mulyo. Supoyo sabdhoning Gusti kang uwes tak tules ono layang Djojobojo, biso siro gunakake sak mbendinane kanggo, nenuwon marang Gusti kang moho sutji.
(Mokoholo: 23 )
Semono ugo Gusti bakal maringi umor kang dowo, kanggone siro bongoso Djowo, yen siro kuwi gelem manot marang opo kang dadi pendjalukhe Gusti. Anangeng siro kudu biso ngakoni deneng Gusti kuwi kang kuwoso ono ing djagat iki, lan kuwoso pareng opo wahe kanggone siro, ing bumi mulyo, ugo ing bumi sentoso.
( Mokoholo: 24 )
Lemah kang mahune gareng Gusti biso ngidjoake, tanpo mripate djalmo manungso kuwi mangerti sopo kang nggawe. Kabeh mahu amergo witjaksanane Gusti, kang uwes ditemuronake marang siro bongoso Djowo. Supoyo siro biso mangerteni marang kuwasane Gusti kang moho witjaksono, kang uwes katules ono ing layang Djojobojo, kanggone bongoso Djowo.
( Mokoholo: 25 )
Gusti nyiptakake pasangan lanang lan wadon, kanggone bongoso Djowo. Supoyo bongoso Djowo kuwi biso nduweni keturunan, kang biso nerusake kapertjayane Gusti, kang diparengake marang siro, lan ngelingi soko end i tekane kanikmatan kuwi.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

surakarta