Senin, 24 Agustus 2009

layang djoyoboyo (5)

( Hodjorolo: 1 )
Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono, ugo Gusti uwes maringi pangerten marang bongoso Djowo, lan djalmo manungso, kang ono ing djagat iki. Tumindakho kang betjek marang sak podho - podhoning urep, ugo tumindakho kang djudjor marang Gusti, nganggo roso kang ono ing rogo siro. Semono ugo Gusti, bakal maringi balesan, marang opo kang siro lakokake ing bumi mulyo kene, ugo ing bumi sentoso mengkone.

( Hodjorolo: 2 )
Gusti kang moho mekso, marang ukom kang dadi kekarepane, ugo Gusti kang pareng sekse marang sopo wahe kang tumindak tjitro. Amergo sabdhoning Gusti kuwi, ora ono kang biso ngalang ngalangi, semono ugo kekarepane Gusti.
( Hodjorolo: 3 )
Gusti kang moho kuwoso, kang ndjogo langet sarto bumi. Semono ugo, Gusti kang moho kuwoso ndjogo kahuripan, kang katon ugo, kang ora katon, lan sak isine kang ono ing djagat iki.Tanpo kuwasane Gusti kang moho sutji, bakal sirno djagat iki, semono, ugo bakal ora ono kahuripan, koyo sak ikine.
( Hodjorolo: 4 )
Gusti kang pareng balesan marang bongoso Djowo kang ora melu, marang dalane Gusti. Lan Gusti pareng sabdho: Siro bongoso Djowo, yen pertjoyo marang Gusti, turutono opo kang dadi pendjalukhe Gusti. Anangeng yen siro kuwi ora pertjoyo, kasengsarane urep siro, bakal teko.
( Hodjorolo: 5 )
Gusti uwes maringi sabdho marang aku, kang tak tules ono ing layang Djojobojo. Bongoso djowo kabeh, kang nglalekake Gusti, uripe bakal kurang sandang lan pangan. Ugo lemah kang mahune idjo, bakal tak garengake koyo mahune, nganti akhire siro kabeh ora nduweni katentreman.
( Hodjorolo: 6 )
Gusti pareng dawoh: Kedjawen dituronake ing tanah djowo, soko kuwasane Gusti kang moho witjaksono. Supoyo bongoso Djowo kuwi, biso nduweni kahuripan kang sempurno, ing bumi mulyo kene lan mirengake opo wahe kang dadi pendjalukhe Gusti. Anangeng siro biso ngrasakake kahuripan, yen siro kuwi ing bebayan.
19
( Hodjorolo: 7 )
Gusti kang ndjundjong dradjat kahuripanipon kawulo. Lan iki kang dadi sabdhoning Gusti marang bongoso Djowo kabeh, kang iseh mangerteni rnarang opo kang dadi kekarepane Gusti. Semono ugo, Gusti bakal ndjundjong dradjat kasengsarane uripe bongoso Djowo, yen bongoso Djowo kuwi mangerti, ukume Gusti.
( Hodjorolo: 8 )
Siro bongoso Djowo, sedjatine nduweni pangomongan: Gusti kang moho kuwoso, kang pareng pepadange kahuripan. Supoyo dalan pikiran siro kang peteng, biso dadi padang. Anangeng siro bongoso Djowo, malah nglalekake pangomongane Gusti, kang tak tules ono ing layang Djojobojo.
( Hodjorolo: 9 )
Siro bongoso Djowo, arep nyuwon opo maneh marang Gusti, sebab kadegdayan kabeh uwes ono ing ragane siro. Lemah kang mahune gareng biso siro telesake, ugo lemah kang teles biso siro garengake, yen siro kuwi pertjoyo marang kuwasane Gusti. Sebab kahuripane bongoso Djowo kang ora pertjoyo marang Gusti, bakal, nemokake kasengsaran kang gede, ing tembe mburine.
( Hodjorolo: 10 )
Gusti pareng sabdho: bongoso Djowo, yo kuwi bongoso kang wiwitan, kang dadi tjiptakane Gusti, kang teko ing bumi mulyo iki kang nggowo kuwasane Gusti, sak durunge ono djalmo manungso. Anangeng sabdhoning Gusti kang uwes tak tules ing layang Djojobojo: Siro bongoso Djowo, yen bumi mulyo iki uwes kebak, karo djalmo manungso kang dadi tjiptakane Gusti. Siro bongoso Djowo, bakal lali marang agomo peparingane Gusti, Ugo marang isine layang Djojobojo. .
( Hodjorolo: 11 )
Gusti kang moho mreksani marang kedadian kang nyoto, marang tumindakhe bongoso Djowo kang ora nerimo marang peparingane Gusti kang moho sutji. Bandjor Gusti pareng sabdho: Yen tanah djowo katekan djalmo manungso liyo kang dadi tjiptakane Gusti. Agomo Kedjawen lan sak isine layang Djojobojo, kang ditules: Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, kanggone leluhure bongoso Djowo, bakal tak sirnakake deneng kuwasane Gusti, kang moho sutji.
( Hodjorolo:12 )
Lan bongoso Djowo, ora bakal biso maneh mangerteni, marang dununge agomone bongoso Djowo, kang tekane soko Gusti. Bandjor goro - goro kuwi teko, lan ndadegake kahuripane bongoso Djowo, lali marang asal - asule, lan ninggalake marang wekasane
20
Gusti, kang moho sutji, kang uwes katules ono ing layang Djojobojo kanggone bongoso Djowo.
( Hodjorolo: 13 )
Gusti pareng dawoh: Bongoso djowo kang mahune diparingi kadegdayan marang Gusti, malah ditinggalake. Nganti akhire sabdhoning Gusti kuwi teko, ngrusak kahuripane bongoso Djowo. Lan bongoso Djowo sopo wahe, kang ora mirengake opo kang dadi, kekarepane Gusti, ugo ninggalake marang wekasane Gusti, bakal keno ukumane Gusti kang gede. Semono ugo siro kabeh ora bakal biso nyuwon pangaksumo, kedjobo nerimo marang ukumane Gusti, kang pareng sekso marang bongoso Djowo, kang uwes katules, ono ing layang Djojobojo.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

surakarta